Bibliographic Information
Isi Naskah Serat Samsu Tabarit:
- Lah iki kojahingsung: wonten caritaning wali kutub, saking Jawi nama Seh Samsu Tabarit, langkung wanter tekadipun, tur karamat kinaot.
- Myang wananira bagus, dedeg pideksa rada arangkung, alelana mring Arab mindha raryalit, sami lan umur tri taun, sarwi wewuda kemawon.
- Ing praptanira nuju, ari Jumngah pepak para kaum, myang ulama lebe modin merbot ketib, pepak para saleh jamhur, neng masjidilkaram kono.
- Myang Pandhita gung-agung, miwah mulana amir aji Rum, dereng kondur saking dennya minggah haji, ing ari Jumungah kumpul, raryalit prapta dumrojog.
- Tanpa larapan uluk, salame: Asalamu alekum, ya tuwanku mulana Rum amir aji, lan para Jumngah sadarum, nulya anjawab gumuroh.
- Ya ngalekum salamu, he raryalit lungguha sireku, lajeng lenggah ing ngarsane amir aji, ngandika amir aji Rum: he para Jumngah sapa wroh.
- Rare kang darbe sunu? Para Jumngah sadaya umatur: dhuh pukulun datan wonten kang udani, sudarmeng rare puniku, ing Arab ngriki tan tumon.
- Inggih prayoganipun, tuwan dangu pribadi puniku, asalipun pun rare saking ing pundi, ngandika amir aji Rum: heh thole ingsun tetakon.
- Inggih ngendi pinangkamu, dene tanpa larapan praptamu!, rare matur: ya tuwanku amir aji, dereng purun jarwa ulun, purwane ing praptaningong.
- Amba tannya rumuhun, lawan para Jumngah sadarum, angandika mulana Rum amir aji: ya thole apa karepmu, necik takona maringong.
- Apa kang adi luhung, apadene masalahing ilmu, ingkang ekak miwah ingkang gaib-gaib, raryalit alon umatur: gampil yen tuwan wus sagoh.
- Dene panyan ulun: gaibing Allah lan malihipun, gaibing Muhamad punika kang pundi? Mesem ngandika amir Rum: “Heh bajang yen sira tan wroh.
- Gaibing Allah iku, pan Muhamad de Muhamad iku, ing gaibe pan iya Allah sayekti: iku yen sirarsa weruh. Rare gumujeng turnyalon.
- Ya tuwan mulana Rum, lawan para Jumngah sadarum, pan jawabe Muhamad gaibing Widi. Kaaken punapa iku, Muhamad dening Hyang Manon?
- Punapa dene lamun, Allah ingaran gaibing rasil, Allah kaaken punapa denin Nabi? Heh thole ingsun tan ngrungu, kaya ujarmu mangkono.
- Mara jarwaa gupuh, teka ngendi pinangkanireku? Rare matur: Ya tuwan mulana aji, dereng purun jarwa ulun, malih amba atetakon.
- Ing tuwan sang amir Rum, miwah para Jumngah sadarum, salat Jumngah kang tuwan sembah punapi, tuwin salat limang wektu? Ulun arsa wruh kang yektos.
- Ngandika mulana Rum, saha para saleh para jamhur: Iya thole sun salat Jumngah iki, tuwin salat limang wektu, tan liyan nembah Hyang Manon.
- Lamun nora kadyeku, nora apsah sembah pujinipun: wus muktamat kang muni ing dalil kadis. Raryalit iku duk ngrungu, ngguguk wentise den entrog.
- Sun sidhep tan kadyeku, ya tuwanku mulana adi Rum, ing asale sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi purugipun, pundi enggene Hyang Manon?.
- Panembah tuwan ngawur, siya-siya tan wrin genahipun: ing asale sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi purugipun, pundi enggene Hyang Manon?.
- Dheleg amir aji Rum, para Jumngah kabeh ting palinguk, dnnya kaluhuran sabda lan raryalit. Dangu-dangu mojar sang Rum: Ya thole ingsun tan weroh.
- Ing enggone Hyang Agung, lan paraning sembah ingsun tan weruh, miwah witing sembah ingsun tan udani. Mangka rare iku muwus: Ya tuwanku Rum sang katong.
- Myang para saleh jamhur, pangucape kadya rare timur, anggurayang tan ana ingkang umirib, anembah muji Hyang agung, tuwan jarwakna maringong.
- Kaaken apa iku, Allah dening paduka amir Rum? Angandika mulana Rum amir aji. Ya kunthing marma sun sebut, sun mulya-mulya Hyang Manon.
- Dene agawe ingsun, lan agawe manungsa sadarum, andadekaken bale ngaras bumi-langit, miwah ing saisinipun, dinadekken ing Hyang Manon.
- Myang swarga narakeku, awal-akir lahir-batinipun, nora liyan kabeh titahing Hyang Widi, raryalit asru anguguk: Ah genah apa sang katong!!
- Pangucapira iku, tuwin para saleh para jamhur, pamuwuse tan ana ingkang premati, moreg mung pijer katungkul, padha dhikir lenggak-lenggok.
- Pijer sujud arukuk. Wus marem ing sembah pujinipun : tangeh lamun prataa ingkang ginaib: pangrasane wus pinunjul, tan ana graiteng batos.
- Heh mulana aji Rum, miwah para jumngah sadarum, rare alit kewala pasthi udani, kang kaya ujarmu iku, yen kabeh titah Hyang Manon.
- Nanging sireku ngawur, angarani tan wruh paranipun, Amir matur: Ya tuwanku rare alit, paduka jarwa rumuhun, asal tuwan kang sayektos.
- Angandika Seh Samsu Tabarit: Heh mulana aji Rum saking embuh saking tambuh prapta mami, kabeh kadadean during, kang dadi dhihin pan ingong.
- Ingkang gaibulguyub, during dadi ya Allah ya Rasul, during dadi, ingsun kang dadi rumuyin: kang luwih mulya pan ingsun saking sakehing dumados.
- Mangkana mulana Rum, lawan para Jumngah sadarum, samya sujud ing sukune Seh raryalit, pan bias muwus, kaya ujarmu mangkono.
- Panjawabmu Hyang Agung, sira arani gaibing Rasul, Rasul sira arani gaibing Widi, raryalit pan bias muwus, kaya ujarmu mangkono.
- Lan sembahyangireku, kang sira sembah-sembah Hyang Agung, yen mangkono sira kabeh padha kapir, during Islam kang satuhu, dene tekadmu mangkono.
- Makaming Allah iku, lawan kaya ngapa wujudipun, lawan kaya ngapa rupaning Hyang Widi, sira apa wus kepangguh, apa lanang apa wadon?.
- Mojar amir aji Rum, miwah para Jumngah sadarum: Lah seh timur kawula datan udani, ing sual tuwan puniku. Raryalit malih miraos.
- Yen mangkonoa heh Rum, aja nembah ing Allah sureku, tan sampurna mundhak sira kupur-kapir. Andheku amir aji Rum, pan sarwi aris turnyalon.
- Ya tuwanku seh timur, inggih sinten paduka puniku? Angandika sarta rupa kaki-kaki, lenggah ing kursi mas murub, neng ngarsane Rum sang katong.
- Kursi kramat iku, sami gawok kang miyat sadarum, panganggone sadaya pan sami langking. Pamuwuse mring amir Rum: Heh amir, yen sirarsa wruh :
- Sajatine ya ingsun, ingkang awal kang akir ya ingsun, miwah ingkang inum-inuman ya mami, kang tandhak-tandhakan ingsun, edan-edanan ya ingong.
- Kang tambuh-tambuh ingsun, ingkang gaib kang guyub ya ingsun, iya ingsun ingkang lahir ingkang batin, kang nembah sinembah ingsun, kang muji pinuji ingong.
- Ingkang nikmat ya ingsun, ingkang aweh nikmat nikmat iya ingsun, ingkang rasa kang rumasa iya mami, kang ngrasani iya ingsun, kang sinasan iya ingong.
- Ingkang wedi pan ingsun, ingkang wani sayekti ya ingsun, ingkang wadi madi mani iya mami, ingkang manikem ya ingsun, kang dadi awak pan ingong.
- Kang nom kang tuwa ingsun, ingkang lanang kang wadon ya ingsun, iya ingsun ingkang sugih ingkang miskin, ingkang ratu ya ingsun, kang wadya bala ya ingong.
- Ingkang akeh ya ingsun, ingkang sathithik iya ingsun, ingkang loro ingkang siji iya mami, ingkang lumaku ya ingsun, ingkang madheg iya ingong.
- Ingkang gumuruh ingsun, ingkang meneng sayekti ya ingsun, tengah wuri ngarsa pinggir iya mami, kanan keri iya mami, kang lor wetan kidul kulon.
- Nora liyan iya ingsun, kang loh kalam nukat gaib ingsun, kang dat sipat asma apngal iya mami, kang wujud ngelmu nur suhud sejatine iya iya ingong.
- Kang bumi geni banyu, miwah angina pan iya ingsun, ingkang sabar ingkang keras iya mami, ingkang alim iya ingsun, ingkang kereng iya ingong.
- Ingkang dhihin ya ingsun, ingkang kari tan liyan ya ingsun, kang sarengat kang tarekat iya mami, hakikat makripat ingsun, kang iman tokid ya ingong.
- Inking allah ya ingsun, ingkang Muhamad pan iya ingsun, kang gaibing Muhamad pan iya mami, gaibing Allah ya ingsun, kang gedhe cilik ya ingong.
- Ingkang anak ya ingsun, kang nganakken apan iya ingsun, kang kekadang ingkang lola iya mami, ya ingsun kang kalek-makluk, kanga lip lam lam he ingong.
- Kang mim kang ehe ingsun, kang min-akir kang dal iya ingsun, ingkang donya kang akerat iya mami, kang swarga-naraka ingsun, ya ingsun kang jaba jero.
- Heh mulana amir Rum, miwah para Jumngah sadarum, ingsun pemut ywa pepeka ing aurip, mokal yen sira tan weruh, lamun atemahan layon.
- Ingkono nggon pakewuh, ewuhe wong akeh salang surup, ngelmu sarak den arani anguwisi, malah panasaran agung, yen tan darbe ngelmu jatos.
- Aja pijer kumlungkung, iku dadi dedalane kumrung, pengung-bingung embuh-embuh kang den rukti, kitabe keh ngundhung-undhung, kodheng brahala den gendhong.
- Kandhangan wong kadhadhung, ing drubiksa den ajak kedlarung, mring peperengan, peri den sengguh apsari, sarwi siniweng dhedhubruk, jinaga dening gandarwa.
- Pangrasane sarwa gung, tan uninga yen tibeng bekung-kung; kang mangkono tanggung-tanggung dadi jalmi, pan anggur dadia asu, patine tanpa keraos.
- Gampang pratikelipun, sirnane aris datanpa tuitur. Dadi jalma yen tan wruh tanajul tarki, nora wurung katalikung, heh eling-eling Rum katong!!!
- Yata ri sang amir Rum, lawan para Jumngah sadarum, dupi muarsa sabdanya ri sang siniwi, samya nembah ngraup suku, sarwi ngrerepa turnyalon.
- Ya tuwanku seh sepuh, muglangsala supangat pukulun, lan peparab tuwan kularsa udani. Ngandika ri sang she pikun: Heh mulana Rum kationg.
- Lan Jumungah sedarum, ora ta sira wruha maring sun, ariningsun iya Seh Samsu Tabarit!!!, sawusnya ngandika uluk, salam dyan musna saking nggon.
- Gaib sakursinipun, nulya sinauran salamipun, pan gumuruh sarya andongong pra sami, getun-getun pungun-pungun, jota-joto ting palenggong.
- Anganggo-onggo sagung, gung alit kabeh pating palinguk, ngungak-ungak mangu pangungune dening, praptane lan kesahipun, pan ora ana ingkang roh.
- Kang kari samya wuyung, angken wewayang wijangganipun, lir kekeyan angajengi poyang-paying, kayungyun sanget kalayu, yen kagrayang tan kegayoh.
- Ing kayuwananipun, kaya-kaya kaleyanging wahyu, weh wiyadi yayah maniyup yang-yanging, kekayangan mrih rahayu, ayun ngupadeng Hyang Manon.
- Dadya samya yeg guyub, sadaya nedya puruiteku, ngelmu ingkang nyampurnakaken ngaurip, ana ngetan ngalor ngidul, saweneh ana mangulon.
- Titi caritanipun, wali mulya; poma-poma sagung, anak putu rasakna lepiyan iki, sengga den kongsi sumurup, mring tekad ingkang mangkono.
- Nanging aja ngawur, nggugurua mumpung meksih idhup : yen den ancap ing tulis bae tan keni : lamun during anggeguru, nggurayang nora gumecos.
- Nadyan ahli tasawup, ahli usul miwah ahli suluk, lamun nora ahli puruita ngungkih, yekti temah sasar-susur, wantere angas kemawon.
- Jer iki antepipun, pangrakite perabot pangracut, apan nora kalebu sajroning tulis, among cumanthel ing guru, sabab larangan geng kaot.
Post a Comment Disqus Facebook